Mimin Aku Tresna Kowe



    "Piye, Pras. Apa awakmu isih nggetuni Ina?" gojege Erni rikalane sela, jalaran kabeh komputer nembe dienggo wong liya.
     "Ngapa digetuni, mbak? Yen pancen dudu jodho, dioyak-oyak nganti kesel ora bakal kecekel" 
     "Ora kepingin nyoba nyedhaki liyane?"
     "Lha sapa, mbak? Adhimu wae apa piye?" 
     "Lha yen adhiku gelem, ya apik wae. Ning kowe ngomonga dhewe"
     "Eh........ yen si Mimin, kancane adhimu kae wis ana sing nyedhaki durung, mbak?" 
     "Wah, aku ora ngerti. Coba mengko aku takon karo adhiku utawa marang Mimin dhewe. Si Mimin kerep melu adhiku menyang omah, malah kerep nginep.." 
     "Mbak Erni, yen manut sampeyan, kira-kira aku karo Mimin bisa gathuk apa ora?" 
     "Ya, aku ora bisa ndhisiki kersane Gusti Allah. Nanging yen awakmu kepranan, ya dicoba wae. Yen perlu diparani ana kost-kostane."
     "Aja-aja dheweke wis duwe calon, mbak?"
     "Sangertiku, saka critane adhiku lan uga saka Mimin dhewe, nganti wektu iki durung ana sing nelakake rasa tresnane marang dheweke. Ya, sapa ngerti mengko bisa dadi jodhomu."
     "Pancene bener ngendikamu, mbak. Yen ora dicoba, ora ngerti, ditampa apa ditampik." 
     "Aku nyengkuyung, dak ewang-ewangi kanthi donga.


Dina iku malem Selasa, sabubare sembahyang Isya', Prastawa ngantepi atine tumuju menyang kost-kostane si Mimin. Manut ancer-ancer sing diwenehake dening Erni, Prastawa ndhodhog lawang sawijine omah ing tlatah Sendawa. Sing mbukak lawang pryayi putri, udakara umur seketan, ibu sing kagungan dalem.
    "Nuwun sewu, badhe pinanggih Mimin, menapa wonten?"
     "Nakmas niki sinten?"
     "Kula Prastawa, bu. Rencangipun Mimin"
     "O..... tengga sekedhap, mangga pinarak lenggah dhisik."

Ora antara suwe, sawijine kenya metu saka kori liyane. Prastawa mestheake sing nemoni si Mimin. Sawise imbal salam lan lungguh jejagongan, Prastawa nata ati kanggo nelakake apa sing dadi kekarepane nemoni Mimin wengi iku.
    "Nuwun sewu, mbok menawa iki ngagetake awakmu. Dumadakan tanpa cecala dhisik aku mrene. Apa mbak Erni wis nate ngomong marang Mimin ngenani aku?"
     "E......nate" wangsulane Mimin cekak. 
     "Aku kepingin ngerti satenane, Mimin wis duwe calon apa durung?" 
    "Pripun nggih......... mila pancen wonten rencang tangga dusun ingkang nate geguyon sanjang menawi badhe ngajak kula omah-omah. Nanging ngantos samenika dereng nate ngendika ingkang gumathuk. Napa malih, piyambakipun nate cariyos, menawi ustadipun boten ngeparengaken sesimahan kaliyan ingkang boten santriwati. Badhe dipun padosaken jodho dening ustadipun"
     "Lha saiki kepriye penemune Mimin dhewe. Apa sakirane Mimin ora kabotan, yen aku kepingin ngajak Mimin urip bebarengan."
     "Nuwun sewu, mas. Kepareng menawi kula nyuwun wekdal sawetawis kangge mikir. Kula dereng saged nemtokaken samenika. Boten atages kula nampik kersanipun mas Prastawa, nanging kula betah wekdal sawetawis. kepareng, ta?" 
     "Penjalukku aja suwe-suwe, supaya atiku enggal mantep."
     "Mugi-mugi mboten dangu, mas". 
    "Rehne wis wengi, aku nyuwun pamit. Yen sliramu ora kabotan, seminggu maneh aku dolan mrene." 
     "Nggih, kula tengga. Ndherekaken tindak, Ngatos-atos."




Sawise imbal salam, Prastawa banjur bali menyang papane nyambut gawe ing sewan komputer. Tekankono wis ditunggu Erni sing arep ngrampungake skripsine. Wengi iku tuntas anggone nggarap skripsi, esuke dijilidake antuk tandha tangan saka dosene.
    "Kepriye? Kasil? "
     "Durung mesthi, mbak. Nanging ana pengarep-arep. Mimin njaluk wektu kanggo mikir"



Seminggu satemene wektu sing ora suwe, nanging kanggone Prastawa rasane dawa banget. rasa-rasane dina-dina iku ora ganti-ganti.
Prastawa ora milih dina malem minggu, jalaran biasane kost putri ing dina malem minggu kebak tamu. Mula nalika dirasa sela gaweyan, malem Kemis Prastawa ngelengake dolan menyang kost-kostane Mimin. Atine kebak pengarep-arep, rasa tresnane ditanggapi dening Mimin.

    "Ngendikane seminggu, koq ngantos sedasa dinten" pembukane rembugan Mimin sawise imbal salam.
     "Satemene aku ya wis kepingin dolan mrene dhek wingine, nanging akeh sing njaluk tulung kanggo ngedhit video lan photo. Dadine ya nembe wengi iki kau bisa nemoni sliramu. Apa wis kangen? si Prastawa takon nggodha. 
     "Sampeyan ora krasa yen dikangeni, apa piye? Wingi ndhesek aja suwe-suwe, saiki malah sajak ora butuh. Eh.... nuwun sewu, kula rada kuwatir menawi njenengan pikantuk pilihan sanes" sambunge Mimin karo mesem.



Prastawa tratapan atine, nanging uga bungah ngerteni yen tekane wis diantu-antu. Atages pratelane rasa tresna marang Mimin ditampa.
    "Njaluk pangapuramu, dhik. Aku wis gawe sliramu ngantu-antu. Apa iku tegese sliramu nampa kekarepanku. Sliramu saguh menawa mengko sawijining dina aku lan sliramu dadi jejodhohan?"
     "Mas Prastawa, menawi panjenengan pramila saestu tresna kaliyan Mimin, kula badhe nampi kanthi remen. Nanging, sarehne kula niki lare pawestri, temtu kemawon ingkang nemtokaken kepareng lan mbotenipun kula sesambedan kaliyan penjenengan wonten ing tiyang sepuh kula." 
     "Lha, kapan sliramu bali menyang ndesa. Aku kepingin bareng sliramu, nemoni calon mara tuwa. Sapa ngerti entuk pengestune, aku lan sliramu sida jejodhohan." 
     "Benjing Ahad kula badhe wangsul. Menawi kersa, jam pitu enjing kula tengga wonten terminal." 
     "Muga-muga ora ana gaweyan dadakan"

Minggu esuk, Prastawa bareng karo Mimin saka terminal Bungurasih Surabaya numpak bus jurusan kutha Trenggalek, tekan Trenggalek banjur ganti bus Trenggalek-Pacitan. Mudhun ing tlatah Panggul, tekane Mimin sing bebarengan bocah lanang dadi kagete wong tuwane. Sawise bage-binage andum keslametan, Pak Warno, bapakne Mimin ngendika.
    "Nuwun sewu, nak Prastawa. Bapak rada iki mau rada cingak nyumurupi tekamu karo Mimin. Apa mung dolan wae, apa ana perlu liyane?" 
    "Nggih, kepareng matur Bapak. Saetunipun sowan kula mriki, kejawi silaturahmi, ugi wonten perlu sekedhik. Ingkang sepindhah, kula badhe miterang, menapa Mimin dereng wonten ingkan mengku, utawi dereng wonten ingkang nglamar. Menawi dereng, lan Bapak saha Ibu ngeparengaken, sanes wekdal kula badhe nyuwun tiyang sepuh kula supados dipun lamaraken dik Mimin, saperlu badhe kula ajak emah-emah sesarengan". 
    "Ya......nganti dina iki, bapak durung nate nampa rembug saka sapa-sapa. Menawa si Mimin wis sarujuk, aku minangka wong tuwa mung nyengkuyung wae. Lha kirane kapan wong tuwane nak Prastawa arep tindak mrene?" 
    "Kula piyambak dereng saged matur samenika. jalaran kula dereng matur dhateng tiyang sepuh kula. Nanging insya Allah mboten dangu malih." 
    "Ya, aku minangka wong tuwane Mimin ngenteni rembug saka keluwargamu."
Sawise oleh pepesthen menawa wong tuwane Mimin paring pangestu marang kekarepane Prastawa lan Mimin, sorene Prastawa pamit bali muleh.

 Genti dina Prastawa matur marang bapak lan simboke kanggo nerusake rembug marang kulawargane Mimin. Sawise Pak mangun ketemu karo Pak Warno, ditemtokake dinane akad nikah.



TAMAT






Comments
0 Comments

0 Response to "Mimin Aku Tresna Kowe"

Posting Komentar

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel